Sabtu, 17 Desember 2011

SUSUNAN ACARA PERPISAHAN SEKOLAH

SUSUNAN ACARA PERPISAHAN SEKOLAH
( Susunan Adicara Perpisahan Sekolah )

Assalamualaikum Wr.Wb.
            Alhamdulillahirobil Alamin, Washolatu Wassalamuala Asyrofil Anbiya’i  Warmursalin Wa’ala Alihi Washohbihi Ajmain Amma Ba’du.
            Dhumateng Ibu Kepala Sekolah ingkang kawula taati. Bapak/Ibu Guru ingkang kawula urmati, kalian kanca-kanca sedaya ingkang kawula tresnani.
            Puja - puji syukur kula aturaken dhumaten Gusti Allah SWT, ingkang sampun paring karahayon dhumateng kita sedaya.
            Shalawat saha salam, mugi-mugi tetep aturaken dhumateng Nabiyullah Muhammad Saw.
            Saderenge kita milai, sumangga adicara punika kite bikak kanthi bacaan Ummul Qur’an inggih punika Al-Fatihah…
            Salajengipun kula waosaken susunan adicara inggih punika
Ù Pambuka
Ù Waosan Al-Qur’an
Ù Terjemahan Al-Qur’an
Ù Sambutan – sambutan
ü  Sambutan wakil kelas VII lan VIII
ü  Sambutan wakil kelas IX
ü  Sambutan kepala sekolah
Ù Ramah tamah
Ù Do’a panutup
Makaten kalawau susunan adicara wonten ing enjang punika. Mugi-mugi adicara ing wedal punika, mengke saged berjalan kanthi lancar. Amin…
Menginjak adicara nomer kalih inggih punika waosan Al-Qur’an, ingkang badhe diwaosaken dening ……………. Wekdal saha panggenan kula sumanggaaken


Shodakallahuladzim… Mekaten kalawau waosan Al-Qur’an ingkang sampun diwaosakan dening …. Adicara nomer tiga inggih punika terjemahan Al-Qur’an ingkang badhe diwaosaken dening ……….. Wekdal saha panggenan kula sumanggaaken.
…………………………….

Mekaten kalawau terjemahan  Al-Qur’an ingkang sampun diwaosakan dening …………...                                                                                                                                    
Adicara nomer sekawan inggih punika sambutan-sambutan. Sambutan ingkang nomer satunggal inggih punika sambutan saking wakil kelas VII lan VIII, ingkang badhe disampeaken dening ….. Wekdal saha panggenan kula sumanggaaken.
…………………

Sambutan ingkang nomer kalih inggih punika sambutan saking wakil kelas IX, ingkang badhe disampeaken dening …. Wekdal saha panggenan kula sumanggaaken.
………………………

Sambutan ingkang terakhir  inggih punika sambutan saking kepala sekolah, ingkang badhe disampeaken dening …… . Wekdal saha panggenan kula sumanggaaken.
…………………………..

Mekaten kalawau waosan sambutan-sambutan. Adicara nomer gansal inggih punika ramah tamah kalian penobatan juara EBTANAS. Sumangga Bapak/Ibu guru kula aturi dhahar hidangan ingkang sampun sumadya. Sumangga… Juara EBTANAS tahun ajaran 2011/2012 inggih punika ……………..
……………………….

Mekaten kalawau ramah tamah. Adicara ingkang terakhir inggih punika do’a panutup ingkang badhe diwaosaken dening ………Wekdal saha panggenan kula sumanggaaken.
…………………

Makaten kalawau waosan do’a panutup ingkang sampun diwaosakan dening …….. Saderengipun adicara punika kita tutup, kula selaku ingkang mandu adicara ing wekdal punika, bok bilih wonten kelepatanipun lan kekuranganipun, kula nyuwun agunge pangapunten. Mangga adicara punika kita tutup kelawa waosan Hamdalah. Sumangga ……
Ihdinas siratal mustaqim, wabilahi taufiq wal hidayah, waridha wal innayah, wassalamu’alaikum Wr.Wb.

Tidak ada komentar: